Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 25:8-17 Kitab Sutji (JAV)

8. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne Moab celathu: Lah turune Yehuda iku padha karo sakehing bangsa liya,

9. awit saka iku, lah tanahe pagunungan Moab bakal Sunblakake temah kutha-kuthane bakal ambruk, iya kutha-kuthane, ora ana kang ora, yaiku kang dadi rerengganing nagara iku: Bet-Yesimot, Baal-Meon lan Kiryataim.

10. Iku bakal Sunpasrahake marang wong saka sisih wetan dadi duweke bebarengan karo bani Amon, supaya bani Amon ora dieling-eling maneh ana ing antarane para bangsa.

11. Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Moab, temah bakal padha sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”

12. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ing sarehne Edom wus nandukake pamales ala marang turune Yehuda lan tumindak luput kang banget yaiku anggone nandukake pamales marang turune Yehuda iku.

13. Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan Edom, manungsane lan kewane bakal Sunsirnakake saka ing kono sarta Edom bakal Sundadekake reruntuhan; wiwit saka ing Teman nganti tekan ing Dedan wonge bakal padha mati dening pedhang.

14. Ingsun bakal nandukake pamalesingSun marang Edom kalawan ngagem tanganing umatingSun Israel. Iku bakal nandukake marang Edom, salaras karo dedukaningSun lan bebenduningSun, tuwin Edom bakal ngrasakake pamalesingSun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

15. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne wong Filisti wus nandukake pamales ala lan bungah marga saka sangsarane Israel, tuwin nandukake pamales kalawan patrap memateni marga saka ananing rasa memungsuhan turun-tumurun,

16. mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan wong Filisti lan bakal nyirnakake wong Kreta sarta mbengkas bangsa liya-liyane kang ana ing pinggiring sagara.

17. Ingsun bakal nandukake pamales kang nggegirisi marang bangsa-bangsa iku sarta Sundhawahi paukuman marga saka dukaningSun, satemah bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, ing nalikane Ingsun nandukake pamalesingSun marang wong-wong mau.”

maca bab lengkap Yeheskiel 25