1. Anadene sira ngulukna kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel,
2. lan pratelakna mangkene:“Wah, ibunira iku pancen singa wadonana ing antarane singa-singa!Nglemprak ana ing satengahe sings-singa enomlan nusoni anak-anake.
3. Anake ana siji kang diopeninganti dadi singa enom,kang sinau ndedekepmalah banjur mangsa manungsa.
4. Bangsa-bangsa padha alok: Ana singa ngamuk!Wasana singa mau kacekel ana ing luwangan pasangane,nuli dikeluhituwin digiring menyang Mesir.
5. Bareng biyunge singa mau mangreti manawa pambudi dayane gagallan wus ora duwe pangarep-arep babar pisanbanjur njupuk anake liyanesarta digulawenthah dadi singa enom.
6. Anake iki srawungan karo singa akehnuli wus dadi singa enomlan sinau ndedekepmalah banjur mangsa manungsa.