Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 12:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Barang-barangira sira gawanana metu kayadene barange wong buwangan ing wektu awan, ana ing ngarepe wong-wong mau; lan ing wayah bengi sira dhewe metua ing sapandelenge wong-wong mau, kayadene wong kang kudu metu lan mangkat menyang ing papan pambuwangan.

5. Sira gawea bolongan ing tembok ing sapandelenge wong-wong mau sarta metua mbrobos ing kono.

6. Barang-barangira panggulen ana ing ngarepe lan gawanen metu ing wayah bengi kang peteng; sira nutupana rainira, nganti sira ora ndeleng lemah; amarga sira Sundadekake gegambarane turune Israel.”

7. Aku banjur nindakake apa sadhawuhe marang aku: ing wayah awan aku nggawa barang-barang kayadene barange wong buwangan lan ing wayah bengi aku gawe bolongan ing tembok kalawan tanganku; ing wayah bengi kang peteng ing sapandelenge wong-wong mau aku metu kalawan manggul barang-barangku.

8. Esuke ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

9. “He, anaking manungsa, apa turune Israel jinis kang wangkot iku ora takon marang sira: Panjenengan punika nindakaken punapa?

10. Iku wangsulana mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Wangsite Allah iki tumuju marang ratu ing Yerusalem lan kabeh turune Israel kang ana ing kana.

11. Sira tutura: Aku iki dadi gegambaran tumrap kowe kabeh. Apa kang daktindakake iki bakal tumanduk marang wong-wong iku: bakal dadi wong buwangan kabuwang menyang ing pambuwangan.

12. Lan ratune bakal manggul barang-barange ing wayah bengi kang peteng lan bakal tindak miyos. Wong bakal mbotol tembok kanggo dalan miyose. Panjenengane bakal nutupi pasuryane supaya ora mirsa lemah.

maca bab lengkap Yeheskiel 12