Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 11:17-25 Kitab Sutji (JAV)

17. ewasamono sira celathua: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira bakal padha Suntimbali nglumpuk saka ing panggonane para bangsa, sarta Sunkumpulake saka ing nagara-nagara, papan panggonanira kasebar, tuwin sira bakal Sunparingi tanah Israel.

18. Dene sawuse padha ana ing kana, bakal padha nyingkirake sakehing dewane kang nistha lan sakehing panggawene kang asor kang ana ing kana.

19. Bakal padha Sunparingi ati kang seje lan roh kang anyar ana ing batine; atine kang kaya watu bakal Sunbengkas lan bakal Sunparingi ati daging,

20. supaya lakune manut ing sakehing pranatan-pranataningSun lan tatananingSun kalawan setya; ing kono banjur padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe.

21. Anadene wong-wong kang atine kelet marang para dewane kang nistha lan panggawene kang ora pantes, iku kalakuane bakal Suntampekake marang sirahe dhewe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

22. Kerub-kerub mau nuli padha ngegarake swiwine lan rodhane iya padha melu obah, kalawan kaparingan kamulyane Gusti Allahe Israel,

23. dene kamulyane Pangeran Yehuwah mumbul saka ing satengahe kutha lan ngalih menyang ing sadhuwure gunung kang ana ing sawetaning kutha.

24. Aku nuli kajunjung dening Sang Roh lan ing sajrone wahyu kang saka ing Rohing Allah aku kabekta menyang ing nagara Kasdim, ing panggonane para boyongan. Sawuse mangkono wahyu kang dakdeleng iku banjur ilang,

25. sarta aku tumuli martakake marang para wong buwangan samubarang kabeh kang wus katedahake dening Pangeran Yehuwah marang aku.

maca bab lengkap Yeheskiel 11