Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 8:4-13 Kitab Sutji (JAV)

4. “He para wong lanang, sira kang Sunpituturi,marang para anaking manungsa, swaraningSun Suntujokake.

5. He wong ora duwe pangalaman, padha ngupayaa kapinteran,he para wong ndableg, padha mangretenana iku ing sajroning atimu.

6. Padha ngrungokna, awit Ingsun bakal ngandikakake prakara kang jero,lan arep mbikak lathiningSun lan nglairake prakara kang bener.

7. Awit lidhahingSun nggelarake kabeneran,lan duraka iku kanisthan tumrap lathiningSun.

8. Apa kang metu saka ing lesaningSun iku adil,ora pisan-pisan ana kang mlinthat-mlinthut utawa cidra.

9. Kabeh iku cetha tumrape wong kang pinter,sarta bener ingatase kang duwe kawruh.

10. PamerdiningSun iku tampanana ngluwihi salaka,lan kawasisan ngluwihi mas murni.

11. Awitdene kawicaksanan iku ajine ngungkuli raja-peni,sarta apa bae kang dikepengini wong, ora ana kang madhani.

12. Mungguh Ingsun, Sang Wicaksana, nunggal bebarengan karo kapinteran,lan Ingsun nemokake kawruh lan kawicaksanan.

13. Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala,Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala,apadene cangkem kang kebak cidra.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 8