Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 8:25-33 Kitab Sutji (JAV)

25. Sadurunge gunung-gunung tumanceblan sadurunge ana punthuk-punthuk Ingsun wus miyos.

26. Iya sadurunge panjenengane nitahake dharatan lan ara-ara,malah durung ana bledug kang kawitan.

27. Nalika Panjenengane ngrancang anane langit, Ingsun ana ing kono,iya ing kalane nyipat sikiling langit ana ing lumahe samodra agung,

28. iya ing kalane netepake mega-mega ing dhuwur,lan kalane sumbering samodra agung wiwit padha mbludag klawan santer,

29. nalika Panjenengane nemtokake watesing segara,supaya banyu aja nganti nerak dhawuhe,lan ing kalane masang dhasaring bumi.

30. Ingsun dadi putra kekasihe kangnyarengi Panjenengane,sadina-dina Ingsun damel renaning panggalihe,tansah dolanan ana ing ngarsane.

31. Ingsun dolanan ana ing bumi kagungane,sarta para anaking manungsa padha dadi kalangenaningSun.

32. Mulane, he bocah-bocah, padha rungokna dhawuhingSun,awit rahayu wong kang padha rumeksa marang dalan-dalaningSun.

33. Nilingna pamerdi, temah sira dadi wicaksana,aja sira lirwakake.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 8