Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 8:16-25 Kitab Sutji (JAV)

16. Para panggedhe anggone kadunungan pangwasa iku marga saka Ingsun,mangkono uga para luhur lan sakehe hakim ing sajagad.

17. Ingsun ngasihi marang wong kang tresna marang Ingsunlan wong kang tlaten anggone ngupaya Ingsun, mesthi bakal ketemu.

18. Kasugihan lan kaluhuran iku ana ing pamengkuningSun,uga bandha kang tetep lan kaadilan.

19. WohingSun iku ngungkuli emas, malah ngluwihi mas tulen,pametuningSun iku ngluwihi salaka pilihan.

20. Ingsun tindak ana ing dalaning kabeneran,ing tengah-tengahe lurung kaadilan,

21. supaya wong kang tresna marang Ingsun padha Sunparingi warisan bandha,sarta papan pasimpenane bakal Sunkebaki.

22. Ingsun wus katitahake dening Pangeran Yehuwah dadi wiwitaning pakaryane,minangka pandamele kang kawitan ing jaman kuna.

23. Ingsun wus kaanakake nalika jaman purwa,iya ing wiwitan mula, sadurunge bumi ana.

24. WiyosingSun sadurunge banyu samodra agung ana,sadurunge ana sumber-sumber kang luber banyune.

25. Sadurunge gunung-gunung tumanceblan sadurunge ana punthuk-punthuk Ingsun wus miyos.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 8