Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 8:12-20 Kitab Sutji (JAV)

12. Mungguh Ingsun, Sang Wicaksana, nunggal bebarengan karo kapinteran,lan Ingsun nemokake kawruh lan kawicaksanan.

13. Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala,Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala,apadene cangkem kang kebak cidra.

14. Pitutur sarta panglimbang iku kagunganingSun,Ingsun kang kagungan pangreten, lan Ingsun kang kagungan kakiyatan.

15. Para raja anggone mrentah marga saka Ingsun,mangkono uga para panggedhe anggone nindakake pangadilan.

16. Para panggedhe anggone kadunungan pangwasa iku marga saka Ingsun,mangkono uga para luhur lan sakehe hakim ing sajagad.

17. Ingsun ngasihi marang wong kang tresna marang Ingsunlan wong kang tlaten anggone ngupaya Ingsun, mesthi bakal ketemu.

18. Kasugihan lan kaluhuran iku ana ing pamengkuningSun,uga bandha kang tetep lan kaadilan.

19. WohingSun iku ngungkuli emas, malah ngluwihi mas tulen,pametuningSun iku ngluwihi salaka pilihan.

20. Ingsun tindak ana ing dalaning kabeneran,ing tengah-tengahe lurung kaadilan,

maca bab lengkap Wulang Bebasan 8