Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 7:9-22 Kitab Sutji (JAV)

9. wayahe repet-repet sore,ngarepake bengi kang peteng.

10. Lah tumuli ana wong wadon methukake,kang nganggo sandhangan wong wadon tuna-susila,kang julig atine;

11. grapyak sarta criwis wong wadon iku,sikile ora bisa jenjem ana ing omah:

12. sadhela ana ing lurung, sadhela engkas ana ing alun-alun,ngadhang ana ing saben enggok-enggokan.

13. Wong nom mau banjur dicekel lan diambung,kanthi polatan tanpa rikuh-pakewuh, celathu mangkene:

14. “Kula saweg saos kurban kawilujengan,ing dinten punika kula mentas ngluwari punagi,

15. mila kula medal methuk panjenengan,pancen badhe madosi panjenengan, lan sapunika kula saged pinanggih panjenengan.

16. Patileman kula sampun kula gelari babut,kain lena manca-warni damelan Mesir.

17. Patileman kula sampun kula sebari:mur, gaharu kaliyan manis jangan.

18. Mangga sami ngumbar katresnan ngantos enjing,sami kasukan mangun sih.

19. Awit semah kula boten wonten ing griya,ngleresi kekesahan tebih,

20. mbekta arta sakanthong,wangsulipun saweg mbenjing ngajengaken wulan purnama.”

21. Wong nom mau dibujuk srana tembunge manis,digodha klawan pangungruming lambene.

22. Dumadakan wong nom mau banjur ngetutake wong wadon ikukaya sapi dituntun menyang pajagalan,sarta kaya wong bodho kang dibanda arep kaukum;

maca bab lengkap Wulang Bebasan 7