Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 7:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. “Kula saweg saos kurban kawilujengan,ing dinten punika kula mentas ngluwari punagi,

15. mila kula medal methuk panjenengan,pancen badhe madosi panjenengan, lan sapunika kula saged pinanggih panjenengan.

16. Patileman kula sampun kula gelari babut,kain lena manca-warni damelan Mesir.

17. Patileman kula sampun kula sebari:mur, gaharu kaliyan manis jangan.

18. Mangga sami ngumbar katresnan ngantos enjing,sami kasukan mangun sih.

19. Awit semah kula boten wonten ing griya,ngleresi kekesahan tebih,

20. mbekta arta sakanthong,wangsulipun saweg mbenjing ngajengaken wulan purnama.”

21. Wong nom mau dibujuk srana tembunge manis,digodha klawan pangungruming lambene.

22. Dumadakan wong nom mau banjur ngetutake wong wadon ikukaya sapi dituntun menyang pajagalan,sarta kaya wong bodho kang dibanda arep kaukum;

23. nganti ana panah kang nunjem ing atine,iya kaya manuk kang marani kala kalawan rerikatan,ora ngreti yen uripe kaancam ing bebaya.

24. Mulane, he bocah-bocah, padha ngrungokna pituturku,tilingna tembung-tembunging cangkemku.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 7