Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 7:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. He anakku, estokna pituturku,sarta pepakonku simpenen ing atimu.

2. Pepakonku gugunen, temah kowe bakal urip,lan wulangku emi-eminen kaya maniking mripatmu.

3. Talenana kabeh iku ing drijimu,sarta tulisana ana ing papaning atimu.

4. Kawicaksanan iku celathonana: “Kowe iku sadulurku,”lan pangreten iku anggepen sanakmu,

5. supaya kowe diayomana saka wong wadon tuna-susila,sarta wong wadon liya, kang alus pambujuke.

6. Awit nalika aku pinuju ngungaksaka ing cendhelaning omahku, nginjen saka ing rujining omahku,

7. aku weruh ing antarane wong kang ora duwe pangalaman,aku sumurup ing antarane para nomnoman ana sawijining jaka kang tanpa budi,

8. mbeneri nyabrang ana ing sacedhake pojok lurung,jumangkah marani omahe wong wadon kang kaya mangkono mau,

maca bab lengkap Wulang Bebasan 7