Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 6:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. He anakku, manawa kowe nanggung pepadhamu,lan gawe prajanjian karo wing liya;

2. manawa kowe kejiret ing tembungmu dhewe,kena kala ing tembunge cangkemmu dhewe,

3. nuli, he anakku, tumindaka mangkene, lan ngluwarana awakmu,marga kowe wus tumiba ing regemane pepadhamu,lungaa, jengkenga, lan njaluka kawelasan kalawan banget marang pepadhamu iku,

4. aja ngolehake mripatmu ngliyep,lan tlapukanmu aja oleh ngantuk,

5. awakmu luwarana kaya menjangan saka ing tangane wong mbebedhag,kaya manuk saka ing tangane kang mikat.

6. He wong kesed, maranana semut,lakune titenana lan dadia pinter.

7. Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin,ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni,

8. iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas,lan tandho pangan ing mangsa panen.

9. He wong kesed, nganti pira lawase anggonmu klemahan,besuk apa anggonmu tangi turu?

10. “Turu sadhela engkas, ngantuk sadhela engkas,nekuk tangan arep nglegeyeh sadhela engkas.”

11. Kowe nuli bakal katekan kamiskinan kaya wong kang nempuh,lan kacingkrangan kayadene wong kang sikep gegaman.

12. Tanpa guna lan nisthawong kang urip kalawan cangkem kang cidra,

maca bab lengkap Wulang Bebasan 6