Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 5:11-23 Kitab Sutji (JAV)

11. lan ing wekasane kowe bakal sambat-sambat,yen daging lan awakmu padha rusak kabeh;

12. sarta pangucapmu: “Yagene aku kok gething marang pamerdi,lan atiku kok nampik pameleh,

13. yagene aku ora ngrungokake pituture para guruku,lan ora nilingake marang tembunge kang padha mulang aku?

14. Meh bae aku kejlungup ing sawernaning bilaiana ing satengahing pasamuwan lan pakumpulan.”

15. Kowe ngombea banyu ing kulahmu dhewe,ngombea saka ing sumurmu kang ngumbul.

16. Apa pantes manawa sumbermu luberkaya kalen-kalen menyang ing ara-ara.

17. Iku mung dadia duwekmu dhewe,aja nganti ana wong kang melu nduweni.

18. Sendhangmu muga diberkahana,bungaha karo somahmu jaka-lara.

19. Menjangan kang manis, kidang kang ayumuga susune iku tansah maremake kowe,muga katresnane iku kang ngenyutake kowe.

20. He anakku, yagene kowe nganti kepencut marang wong wadon tuna-susila,lan ngrangkul dhadhane wong wadon liya?

21. Amarga Pangeran Yehuwah ora kasamaran marang sakehe tumindake wong,sarta mirsani sakehing pratingkahe manungsa.

22. Wong duraka ketangkep ing sajroning pialane,lan kejiret ing talining dosane dhewe.

23. Wong iku mati, marga ora oleh pamerdi,lan kesasar marga saka bangeting bodhone.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 5