Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 4:6-13 Kitab Sutji (JAV)

6. Aja nyingkur marang kawicaksanan, temah kowe bakal direksa,iku tresnanana, temah kowe bakal digumateni.

7. Wiwitane kawicaksanan iku: marsudia supaya oleh kawicaksanan,lan mbudidayaa oleh pangreten srana sabarang kang wus kokdarbeni.

8. Iku ajenana, temah kowe bakal diluhurake,manawa kokrangkul, kowe bakal kadadekake kajen keringan.

9. Sirahmu bakal dietrapi oncen-oncen kembang kang endah,sarta kowe bakal diwenehi makutha kang adi.”

10. He anakku, rungokna lan tampanana pituturku,temah bakal dawa umurmu.

11. Kowe dakwulang bab dalane kawicaksanan,daktuntun lakumu ana ing dalan kang lurus.

12. Manawa kowe lumaku, jangkahmu bakal ora dialang-alangi,manawa lumayu, ora bakal kesandhung.

13. Manuta marang pamerdi, aja kokeculake,iku reksanen, marga iya iku uripmu.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 4