Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 4:20-27 Kitab Sutji (JAV)

20. He anakku, nggatekna tembungku,kupingmu telingna marang apa kang dakucapake:

21. kabeh iku aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu,simpenen ana ing sajroning telenge atimu;

22. awit iku dadi panguripane wong kang nemu,lan dadi kawarasaning badane sakojur.

23. Atimu reksanen kanthi waspada,awit iku etuking panguripan.

24. Cangkem kang cidra singkirna saka ing awakmu,lan lambe kang kablinger buwangen kang adoh.

25. Mripatmu kareben terus mandeng mangarep,lan pandelenge mripatmu tansah katujokna mangarsa.

26. Metua ing dalan kang rata,sarta sakehe lakumu diajeg.

27. Aja menggok mangiwa utawa manengen,sikilmu edohna saka ing piala.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 4