Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 3:5-12 Kitab Sutji (JAV)

5. Kumandela marang Pangeran Yehuwah klawan gumolonging atimu,lan aja sumendhe marang pangretenmu dhewe.

6. Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane,temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu.

7. Aja rumangsa pinter dhewe,wedi lan asiha marang Sang Yehuwah lan ngedohana piala,

8. iku kang bakal marasake awakmu,sarta nyegerake balung-balungmu.

9. Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamulan srana kawitaning sakehe pametumu;

10. temah lumbungmu bakal dikebaki nganti luber,lan pamipitanmu luber anggure.

11. He anakku, aja nampik marang pamerdine Sang Yehuwah,lan aja bosen marang pepengete,

12. awitdene Pangeran Yehuwah iku matrapi sapa wong kang disihi,iya kaya bapa anggone matrapi marang anak kang ditresnani.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 3