Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 3:27-35 Kitab Sutji (JAV)

27. Aja nggondheli kabecikan marang wong kang wenang nampani,mangka kowe bisa tumindak mangkono.

28. Kowe aja nyelathoni pepadhamu: “Lungaa, lan balia,sesuk bakal dakwenehi,” mangka nyatane kowe duwe apa kang dijaluk.

29. Aja ngrancang gawe piala marang pepadhamu,awit anggone tetunggalan karo kowe tanpa sanggarunggi.

30. Aja padu karo wong tanpa sabab;manawa ora nandukake piala marang kowe.

31. Aja meri marang wong kang ambek siya,lan aja milih dalane, sanajan mung siji bae kang kokpilih;

32. awitdene wong kang laku nasar iku nistha tumrap Sang Yehuwah,nanging karo wong kang temen pasrawungane raket.

33. Omahe wong duraka iku kanggonan laknate Sang Yehuwah,nanging panggonane wong mursid diberkahi.

34. Para wong ambek memoyok iku dipoyoki dening Panjenengane,nanging para wong kang andhap asor iku dikasihi.

35. Wong wicaksana bakal oleh warisan kaurmatan,nanging wong punggung bakal tampa pamoyok.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 3