Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 3:15-22 Kitab Sutji (JAV)

15. Ajine ngluwihi raja-peni,apa bae kang kokkarepake ora bisa madhani.

16. Tangane tengen nggegem umur dawa,kang kiwa nyekel kasugihan lan kaurmatan.

17. Dalane iku kebak kabegjan,lan sakehe lurunge anane mung tentrem.

18. Iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekelsarta kang padha gondhelan iku kaaranan begja.

19. Klawan kawicaksanan Sang Yehuwah anggone nalesi bumi,sarta anggone netepake langit kalawan pangreten,

20. marga saka kawasisane Gusti Allah, banyuning sagara dipencarake,lan mendhung netesake ebun.

21. He anakku, panglimbang lan kawicaksanan aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu,iku simpenen,

22. iku bakal dadi uripe nyawamu,lan minangka rerenggane gulumu.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 3