Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 28:9-18 Kitab Sutji (JAV)

9. Sing sapa ngenggokake kupinge emoh ngrungokake angger-angger,iku pandongane uga nistha.

10. Sing sapa nasarake wong jujur marang dalan kang ala,iku bakal kacemplung ing luwangane dhewe,nanging wong kang ora duwe cacad bakal oleh warisan kabegjan.

11. Wong sugih rumangsa pinter,nanging wong miskin kang mawa budi niteni wong sugih mau.

12. Samangsa wong bener menang, akeh kang ngalembana,nanging manawa wong duraka oleh pangwasa, akeh wong kang padha umpetan.

13. Sing sapa ndhelikake panerake ora bakal begja,nanging kang ngakoni lan ngunduri iku oleh sih-mirma.

14. Rahayu wong kang tansah wedi-asih marang Sang Yehuwah,nanging kang wangkot bakal tumiba ing bilai.

15. Kayadene singa kang nggero utawa bruwang kang nubruk,iya kaya mangkono iku wong duraka kang nguwasani bangsa kang apes.

16. Pemimpin kang cupet ing budi iku keras panindhese,nanging kang sengit marang bebathen kang ora absah iku dawa umure.

17. Wong kang nanggung getihe wong liya,iku bakal terus digawa lumayu tekan ing luwanging kubur.Aja kokeman!

18. Sing sapa lakune tanpa cacad, iku bakal kapitulungan,nanging kang plinthat-plinthut bakal tiba ing luwangan.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 28