Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 28:5-15 Kitab Sutji (JAV)

5. Wong ala ora ngreti adil,nanging wong kang ngupaya marang Sang Yehuwah iku ngreti samubarang.

6. Becik wong miskin kang watake resik,tinimbang wong culika, sanadyana sugih.

7. Sapa kang netepi angger-angger iku anak kang pinter,nanging kang srawungan karo wong kang murka iku gawe isine bapakne.

8. Sing sapa ngundhakake barang-darbeke srana dibathekake lan dianakake,iku nglumpukake kanggo wong-wong kang melasi para wong sekeng.

9. Sing sapa ngenggokake kupinge emoh ngrungokake angger-angger,iku pandongane uga nistha.

10. Sing sapa nasarake wong jujur marang dalan kang ala,iku bakal kacemplung ing luwangane dhewe,nanging wong kang ora duwe cacad bakal oleh warisan kabegjan.

11. Wong sugih rumangsa pinter,nanging wong miskin kang mawa budi niteni wong sugih mau.

12. Samangsa wong bener menang, akeh kang ngalembana,nanging manawa wong duraka oleh pangwasa, akeh wong kang padha umpetan.

13. Sing sapa ndhelikake panerake ora bakal begja,nanging kang ngakoni lan ngunduri iku oleh sih-mirma.

14. Rahayu wong kang tansah wedi-asih marang Sang Yehuwah,nanging kang wangkot bakal tumiba ing bilai.

15. Kayadene singa kang nggero utawa bruwang kang nubruk,iya kaya mangkono iku wong duraka kang nguwasani bangsa kang apes.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 28