Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 28:19-26 Kitab Sutji (JAV)

19. Wong kang ngolah lemahe bakal wareg rejeki,nanging kang ngoyak sabarang kang tanpa guna iku bakal wareg kamlaratan.

20. Wong kena dipracaya iku kaluberan berkah,nanging wong kang kepengin enggal sugih, ora bakal luput ing paukuman.

21. Mawang wong iku ora becik,ewadene ana wong kang nindakake panerak mung supaya oleh roti sairis.

22. Wong kang cethil ngarah enggal sugih,lan ora ngawruhi yen bakal ngalami kacingkrangan.

23. Sing sapa melehake marang wong, iku wekasane luwih disenengi,tinimbang kang duwe ilat kanggo ngonggrong.

24. Sing sapa ngrampas darbeke bapa utawa biyunge,mangka duwe pangira, manawa iku dudu panerak,wong iku dhewe dadi mitrane juru pangrusak.

25. Wong murka iku njalari grejegan,nanging sing sapa pracaya marang Pangeran Yehuwah iku nampani kaluberan.

26. Sing sapa ngandelake atine dhewe iku wong bodho,nanging wong kang lakune klawan kawicaksanan bakal slamet.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 28