Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 28:16-22 Kitab Sutji (JAV)

16. Pemimpin kang cupet ing budi iku keras panindhese,nanging kang sengit marang bebathen kang ora absah iku dawa umure.

17. Wong kang nanggung getihe wong liya,iku bakal terus digawa lumayu tekan ing luwanging kubur.Aja kokeman!

18. Sing sapa lakune tanpa cacad, iku bakal kapitulungan,nanging kang plinthat-plinthut bakal tiba ing luwangan.

19. Wong kang ngolah lemahe bakal wareg rejeki,nanging kang ngoyak sabarang kang tanpa guna iku bakal wareg kamlaratan.

20. Wong kena dipracaya iku kaluberan berkah,nanging wong kang kepengin enggal sugih, ora bakal luput ing paukuman.

21. Mawang wong iku ora becik,ewadene ana wong kang nindakake panerak mung supaya oleh roti sairis.

22. Wong kang cethil ngarah enggal sugih,lan ora ngawruhi yen bakal ngalami kacingkrangan.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 28