Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 27:9-20 Kitab Sutji (JAV)

9. Lenga lan ganda arum iku mbingarake ati,nanging kasusahan iku njuwing-njuwing nyawa.

10. Aja ninggal mitramu sarta mitrane bapakmu,lan ing dina karibedanmu aja marani ing omahe sadulurmu,becik nekani tangga kang cedhakkatimbang sadulur kang adoh.

11. He anakku, dipinter, gawea bungahing atiku,supaya aku bisa mangsuli marang wong kang memada aku.

12. Manawa wong kang prayitna nyumurupi bilai, banjur umpetan,nanging kang ora duwe pangalaman terus bae, temah tinempuh ing bilai.

13. Sandhangane wong kang nanggung wong liya iku jupuken,sarta tahanen, kanggo cekelan tumrap wong liya mau.

14. Sing sapa ing wayah esuk umun-umun aweh salam marang pepadhane klawan swara banter,iku kaanggep ipat-ipat.

15. Rabi kang seneng grejegan iku padha karo:trocohing payon kang ora kendhat-kendhat ing mangsa udan.

16. Sapa kang bisa nahan prasasat nahan angin,lan tangane tengen nggegem lenga.

17. Wesi nglandhepake wesi,wong nglandhepake pepadhane.

18. Sing sapa ngopeni wit anjir iku bakal mangan wohe,lan sing sapa rumeksa marang bendarane iku bakal diurmati.

19. Kayadene banyu ngiloni rai,mangkono uga atine manungsa iya ngiloni manungsa iku.

20. Jagading wong mati lan karusakan iku ora wareg-wareg,mangkono uga mripate manungsa iya ora marem-marem.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 27