Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 27:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. Mitra iku anggone nggebug kanthi tujuan kang becik,nanging pangambunge wong sengit iku nganti kliwat wates.

7. Wong kang wareg iku ngidak-idak madu,nanging tumrap wong keluwen, sabarang kang pait rasane legi.

8. Wong kang nglembara ninggal omahe,iku kaya manuk kang mabur ninggal susuhe.

9. Lenga lan ganda arum iku mbingarake ati,nanging kasusahan iku njuwing-njuwing nyawa.

10. Aja ninggal mitramu sarta mitrane bapakmu,lan ing dina karibedanmu aja marani ing omahe sadulurmu,becik nekani tangga kang cedhakkatimbang sadulur kang adoh.

11. He anakku, dipinter, gawea bungahing atiku,supaya aku bisa mangsuli marang wong kang memada aku.

12. Manawa wong kang prayitna nyumurupi bilai, banjur umpetan,nanging kang ora duwe pangalaman terus bae, temah tinempuh ing bilai.

13. Sandhangane wong kang nanggung wong liya iku jupuken,sarta tahanen, kanggo cekelan tumrap wong liya mau.

14. Sing sapa ing wayah esuk umun-umun aweh salam marang pepadhane klawan swara banter,iku kaanggep ipat-ipat.

15. Rabi kang seneng grejegan iku padha karo:trocohing payon kang ora kendhat-kendhat ing mangsa udan.

16. Sapa kang bisa nahan prasasat nahan angin,lan tangane tengen nggegem lenga.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 27