Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 27:12-24 Kitab Sutji (JAV)

12. Manawa wong kang prayitna nyumurupi bilai, banjur umpetan,nanging kang ora duwe pangalaman terus bae, temah tinempuh ing bilai.

13. Sandhangane wong kang nanggung wong liya iku jupuken,sarta tahanen, kanggo cekelan tumrap wong liya mau.

14. Sing sapa ing wayah esuk umun-umun aweh salam marang pepadhane klawan swara banter,iku kaanggep ipat-ipat.

15. Rabi kang seneng grejegan iku padha karo:trocohing payon kang ora kendhat-kendhat ing mangsa udan.

16. Sapa kang bisa nahan prasasat nahan angin,lan tangane tengen nggegem lenga.

17. Wesi nglandhepake wesi,wong nglandhepake pepadhane.

18. Sing sapa ngopeni wit anjir iku bakal mangan wohe,lan sing sapa rumeksa marang bendarane iku bakal diurmati.

19. Kayadene banyu ngiloni rai,mangkono uga atine manungsa iya ngiloni manungsa iku.

20. Jagading wong mati lan karusakan iku ora wareg-wareg,mangkono uga mripate manungsa iya ora marem-marem.

21. Kowi iku kanggo nglebur salaka lan prapen kanggo ngejer mas,mangkono uga wong iku dikreta-aji manut pangalembana kang ditujokake marang dheweke.

22. Wong bodho iku sanadyan koktutu klawan alu ana ing lesung, awor karo gandum,kabodhoane ora bakal sirna.

23. Kaanane wedhus-wedhusmu iku dititenana kang temenansarta kewan pepanthanmu iku gatekna.

24. Amarga raja-brana iku ora langgeng.Apa makutha iku bisa lestari turun-tumurun?

maca bab lengkap Wulang Bebasan 27