Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 27:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Aja ngalembana awakmu dhewe marga saka dina sesuk,awit kowe ora sumurup apa kang bakal kelakon ing dina iku.

2. Kareben wong liya kang ngalem marang kowe, aja cangkemmu dhewe,utawa kang dudu kawanuhanmu, aja lambemu dhewe.

3. Watu pancen anteb, wedhi iya ana bobote,nanging kang luwih abot tinimbang iku, yaiku nandhang serik marga saka wong bodho.

4. Panasing ati iku daksiya, lan nepsu iku ngamuk,nanging sapa kang kuwat nyangga butarepan?

5. Becik pameleh kang terus terang,tinimbang katresnan kang sinidhem.

6. Mitra iku anggone nggebug kanthi tujuan kang becik,nanging pangambunge wong sengit iku nganti kliwat wates.

7. Wong kang wareg iku ngidak-idak madu,nanging tumrap wong keluwen, sabarang kang pait rasane legi.

8. Wong kang nglembara ninggal omahe,iku kaya manuk kang mabur ninggal susuhe.

9. Lenga lan ganda arum iku mbingarake ati,nanging kasusahan iku njuwing-njuwing nyawa.

10. Aja ninggal mitramu sarta mitrane bapakmu,lan ing dina karibedanmu aja marani ing omahe sadulurmu,becik nekani tangga kang cedhakkatimbang sadulur kang adoh.

11. He anakku, dipinter, gawea bungahing atiku,supaya aku bisa mangsuli marang wong kang memada aku.

12. Manawa wong kang prayitna nyumurupi bilai, banjur umpetan,nanging kang ora duwe pangalaman terus bae, temah tinempuh ing bilai.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 27