Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 26:18-27 Kitab Sutji (JAV)

18. Kayadene wong owah kang nglepasakepanah geni, panah lan pepati,

19. iya kaya mangkono wong kang culika marang pepadhane,sarta ngucap: “Aku mung geguyon bae.”

20. Manawa kayune entek, genine mati,manawa si tukang mitenah ora ana, tukar-padu sirep.

21. Kayadene areng kanggo ing mawa lan kayu kanggo ing geni,mangkono uga kanggone wong dhemen padu, mung ndadekake ndadraning pasulayan.

22. Tembunge si tukang mitenah iku kaya panganan kang enak-enak,kang banjur lumebu ing telenging ati.

23. Lambe manis kalawan ati kang ala,iku kaya pecahan grabah kang kausar salaka.

24. Wong sengit iku samudana klawan lambene,nanging batine ngandhut cidra.

25. Aja ngandel sanadyan tembunge manis,awit kadursilan pitung warna ana ing atine.

26. Rasa sengit iku sanadyan katutupana ing apus,kadursilane bakal kawiyak ana ing pasamuwan.

27. Sing sapa ndhudhuk jugangan bakal kacemplung dhewe,lan kang ngglundhungake watu, watune bakal bali mlindhes awake dhewe.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 26