Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 26:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. Saupama kowe weruh wong kang rumangsa pinter,pangarep-arepe wong gemblung luwih akeh tinimbang wong iku mau.

13. pangucape wong kesed: “Ing dalan ana singa,ana singa ing lurung!”

14. Kaya inebing lawang mingar-minger srana engsele,kaya mangkono wong kesed ana ing paturone.

15. Wong kesed nyelupake tangane ing pinggan,kagawa saka kesele dadi ora kelakon ngemplok.

16. Wong kesed rumangsa pinter,ngluwihi wong pitu kang patitis wangsulane.

17. Sing sapa nyampuri prakara padune wong liya,iku kaya wong kang nyandhak kupinge asu kang lagi liwat.

18. Kayadene wong owah kang nglepasakepanah geni, panah lan pepati,

19. iya kaya mangkono wong kang culika marang pepadhane,sarta ngucap: “Aku mung geguyon bae.”

20. Manawa kayune entek, genine mati,manawa si tukang mitenah ora ana, tukar-padu sirep.

21. Kayadene areng kanggo ing mawa lan kayu kanggo ing geni,mangkono uga kanggone wong dhemen padu, mung ndadekake ndadraning pasulayan.

22. Tembunge si tukang mitenah iku kaya panganan kang enak-enak,kang banjur lumebu ing telenging ati.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 26