Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 25:11-20 Kitab Sutji (JAV)

11. Tetembungan kang diucapake cocog karo wektune,iku upamane kaya apel mas ana ing pinggan salaka.

12. Pepelinge wong wicaksana iku tumrap kuping kang nilingake,kaya ali-ali mas utawa pasren mas murni.

13. Kaya anyepe salju ing mangsa panen,kaya mangkono kongkonan kang temen lan setya tumrape kang ngongkon,awit nyegerake atine lurahe.

14. mendhung lan angin kang tanpa udan,kaya mangkono iku wong kang ngumukake ganjaran kang ora tau ditampani.

15. Para pangwasa bisa diyakinake srana kasabaran,ilat kang alus ngremukake balung.

16. Manawa kowe oleh madu, mangana sacukupe,aja nganti kewaregen, temah banjur kokutahake.

17. Aja kekerepen sanja ing omahe pepadhamu,supaya wong iku aja nganti bosen, banjur sengit marang kowe.

18. Wong nglairake paseksi goroh tumrap pepadhane,iku upamane kaya gada utawa pedhang lan panah kang landhep.

19. Pangandel marang wong kang cidra ing mangsa ribed,iku upamane kaya untu kang gopok utawa kaya sikil kang kesliyo.

20. Wong kang ngidungake lelagon tumrap ati kang sedhih,iku upamane kaya wong kang cuculklambi ing mangsa bedhidhing,utawa kang ngesoki cokak ing tatu.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 25