Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 21:8-23 Kitab Sutji (JAV)

8. Dalane juru apus iku menggak-menggok,nanging wong jujur iku jejeg tindake.

9. Pilih manggon ana ing pojoking payon,tinimbang karo manggon saomah karo wong wadon kang dhemen padu.

10. Atine wong duraka iku kepengin marang piala,sarta ora nduweni kawelasan marang pepadhane.

11. Yen wong ambek memoyok diukum, wong kang ora duwe pangalaman dadi wicaksana,lan yen wong wicaksana diwulang, bakal oleh kawruh.

12. Kang Mahaadil ngyektosi omahe wong duraka,lan njorogake wong duraka mau marang ing bilai.

13. Sing sapa nutupi kupinge marang pasambate wong mlarat,manawa sambat-sambat dhewe, ora bakal disembadani.

14. Paweweh klawan sidheman nglilihake nepsu,lan atur-atur kang srana dhedhemitan nyirep nepsu kang nggegirisi.

15. Nindakake kaadilan iku dadi kesenengane wong bener,nanging gawe wedine wong kang tumindak ala.

16. Wong kang nyimpang saka dalane akal-budi,iku bakal leren ana ing panggonan nglumpuke para arwah.

17. Wong kang dhemen sukan-sukan bakal nandhang kacingkrangan,sarta kang karem anggur lan lenga ora bakal bisa sugih.

18. Wong duraka iku kanggo tebusane wong bener,kang cidra kanggo lirune kang jujur.

19. Luwih becik manggon ana ing segara wedhi,katimbang karo manggon klawan wong wadon kang seneng padu lan seneng nepsu.

20. Omahe wong wicaksana kanggonan raja-brana kang adil lan lenga,nanging wong kang gemblung ngentek-entekake iku.

21. Wong kang ngudi marang kabeneran lan katresnan,bakal nemu urip, kabeneran lan kaurmatan.

22. Wong wicaksana bisa ngunggahi kuthane para pahlawan,sarta ngrubuhake balowarti kang dadi andel-andele.

23. Sing sapa njaga cangkem lan ilate,dadi ngreksa awake, uwal saka ing kerubedan.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 21