Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 21:18-28 Kitab Sutji (JAV)

18. Wong duraka iku kanggo tebusane wong bener,kang cidra kanggo lirune kang jujur.

19. Luwih becik manggon ana ing segara wedhi,katimbang karo manggon klawan wong wadon kang seneng padu lan seneng nepsu.

20. Omahe wong wicaksana kanggonan raja-brana kang adil lan lenga,nanging wong kang gemblung ngentek-entekake iku.

21. Wong kang ngudi marang kabeneran lan katresnan,bakal nemu urip, kabeneran lan kaurmatan.

22. Wong wicaksana bisa ngunggahi kuthane para pahlawan,sarta ngrubuhake balowarti kang dadi andel-andele.

23. Sing sapa njaga cangkem lan ilate,dadi ngreksa awake, uwal saka ing kerubedan.

24. Wong kang ndhugal lan kumlungkung iku kasebut wong ambek memoyok,solah-tingkahe kumethak ngleluwihi.

25. Wong kesed dipateni dening pepenginane dhewe,marga tangane lumuh nyambut gawe.

26. Kamelikan iku sadina-dina tansah melik,balik wong bener iku weweh tanpa wates.

27. Kurban sesaosane wong duraka iku jember,luwih maneh manawa anggone nyaosake kanthi sedya ala.

28. Seksi goroh bakal sirna,nanging wong kang ngrungokake bakal ajeg micara.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 21