Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 2:13-22 Kitab Sutji (JAV)

13. saka wong kang padha ngungkurake dalan kang luruslan lumaku ing dalan kang peteng;

14. kang seneng nindakake piala,sarta surak-surak marga saka kadursilane;

15. kang menggak-menggok lakunelan kang keblinger tindak-tanduke;

16. karomaneh supaya kowe uwal saka wanita tuna-susila,lan wong wadon liyane kang lunyu tembung-tembunge,

17. kang ninggal bojone jaka-lara,sarta lali marang prasetyane Gusti Allah;

18. lan omahe ilang ambles marang pati,sarta dalane anjog ing papaning arwah-arwah.

19. Sapa kang marani wong iku, ora bisa bali,lan ora bisa tumeka ing dalaning urip.

20. Mulane lumakua ing dalane wong kang becik,nirua lakune wong mursid.

21. Marga wong jujur kang bakal padha ngenggoni tanah,lan para wong kang tanpa cacad bakal padha tetep manggon ing kono,

22. nanging para wong duraka bakal padha kasirnakake saka ing tanah iku,sarta wong kang laku cidra bakal padha kabuwang saka ing kono.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 2