Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 2:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. He anakku, manawa kowe nampani tembung-tembungku,lan nyimpen prentahku ana ing sajroning atimu,

2. temah kupingmu nggatekake marang kawicaksanan,sarta atimu kokadhepake marang kapinteran,

3. lan manawa kowe njaluk tulung marang pangreten,lan ngenerake swaramu marang kapinteran,

4. manawa iku kokupaya kaya golek salaka,lan pangoyakmu kaya mburu rajabrana kapendhem,

5. kowe tumuli bakal nemu pangreten bab wedi-asih marang Pangeran Yehuwahlan oleh kawruh bab Gusti Allah.

6. Awitdene Sang Yehuwah kang paring kawicaksanan,saka ing lesane miyos kawruh lan kapinteran.

7. Panjenengane nyawisi pitulungan marang wong kang jujur, --Panjenengane iku dadi tetamenge para wong kang lakune tanpa cacad --

8. kambi njagi lakuning kaadilan,lan ngreksa lakune para kagungane yaiku wong kang padha setya.

9. Mangkono dadine kowe bakal ngreti bab kabeneran, kaadilan,lan kejujuran, malah sarupane dalan kang becik.

10. Awitdene kawicaksanan bakal lumebu ing atimusarta kawruh iku bakal nyenengake nyawamu;

11. kawicaksanan bakal ngopeni kowe,sarta kapinteran bakal rumeksa marang kowe,

maca bab lengkap Wulang Bebasan 2