Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 19:8-17 Kitab Sutji (JAV)

8. Sing sapa kadunungan akal-budi, iku nresnani awake dhewe,kang migunakake kapinteran, bakal nemu begja.

9. Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman,sarta kang ngucapake cidra bakal sirna.

10. Wong gemblung ora patut oleh kamukten,apamaneh abdi manawa pantesa ngereh para panggedhe.

11. Kapinteran njalari wong sabar banget,sarta kaalembana marga anggone ngapura panerak.

12. Dukaning ratu iku kaya panggerone singa anom,nanging kabecikane iku kaya ebun kang tumiba ing pasuketan.

13. Anak kang gemblung iku dadi cilakane bapakne,padune wong wadon iku kaya trocohing payon kang tanpa kendhat.

14. Omah lan bandha iku warisan saka leluhur,nanging rabi kang pinter iku peparinge Sang Yehuwah.

15. Kesed iku marakake turu kepati,nanging wong wegahan bakal nandhang keluwen.

16. Wong kang netepi pepakon, iku rumeksa marang nyawane,nanging kang ngremehake pangandika, bakal mati.

17. Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang bakal males panggawene iku.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 19