Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 19:17-29 Kitab Sutji (JAV)

17. Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang bakal males panggawene iku.

18. Anakmu rangketen salawase isih ana pangarep-arep,nanging aja nganti ndadekake patine.

19. Wong kang enggal banget nepsune, bakal kena dhendha,sabab saupama kowe nyoba arep nulungi, malah mundhak nepsune.

20. Nilingna pitutur lan nampanana pamerdi,supaya kowe ing tembe bisa dadi wicaksana.

21. Atine wong ngrancang-ngrancang prakara akeh,nanging putusane Sang Yehuwah iku kang bakal kelakon.

22. Wewatekan kang dikepengini tumraping wong iku kasetyan,luwih becik wong miskin tinimbang karo wong kang ngapusi.

23. Wedi-asih marang Pangeran Yehuwah ngolehake urip,wong banjur bakal nginep klawan seneng ora bakal katempuh ing bilai.

24. Wong kesed nyelupake tangane ing pinggan,nanging ora bakal bisa ngemplok.

25. Yen wong ambek memoyok kokgitik, wong kang tanpa pengalaman bakal dadi wicaksana,yen wong mawa budi kokwelehake, bakal ngrumangsani.

26. Anak kang nganiaya bapakne utawa nundhung biyunge,iku ngalakake lan mirangake awake dhewe.

27. He anakku, aja ngrungokake pamerdi maneh,manawa kowe jebul iya nyimpang saka ing pitutur kang aweh kawruh.

28. Seksi kang ora ana gunane iku ngremehake angger-angger,lan cangkeme wong duraka nguntal para cidra.

29. Wong memoyok kacawisan paukuman,lan gegere wong gemblung dicepaki gitik.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 19