Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 15:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. Wong bodho nampik pamerdine bapakne,nanging kang gelem nampani pameleh iku wicaksana.

6. Ing omahe wong bener ana raja-brana akeh,nanging pituwase wong duraka iku nekakake karusakan.

7. Lambene wong wicaksana nyebar kawruh,nanging atine wong gemblung iku ora jujur.

8. Kurban sesaosane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah,nanging pandongane wong temen ndadekake keparenge.

9. Dalane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah,nanging wong kang ngupaya kabeneran iku dikasihi.

10. Wong kang nyleweng saka dalan kang bener oleh pamerdi kang keras,dene sing sengit marang pameleh bakal mati.

11. Jagading wong mati lan karusakan iku ora kaling-kalingan ana ing tingale Sang Yehuwah,mendahane maneh atine para anake manungsa.

12. Wong ambek memoyok emoh diwelehake,iya ora gelem marani wong wicaksana.

13. Ati seneng mbingarake polatan,nanging ati kang sedhih ngendhokake semangat.

14. Atine wong piter ngupaya kawruh,nanging cangkeme wong gemblung ribut karo kabodhoane.

15. Wong kang nandhang kasusahan iku dinane ala kabeh,nanging atine wong seneng iku prasasat pista ajegan.

16. Luwih becik barang sathithik kang dikantheni wedi-asih marang Pangeran Yehuwah,tinimbang karo kasugihan akeh kang dikantheni sumelang.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 15