Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 15:22-33 Kitab Sutji (JAV)

22. Rancangan bakal ora kelakon, manawa tanpa tetimbangan,nanging bakal kaleksanan manawa dikantheni juru pirembug akeh.

23. Wong bakal bungah marga wangsulan kang kelair,lan iba becike tembung kang patitis ing wektu kang cocog.

24. Dalaning uripe wong mawa budi iku ngener mandhuwur,supaya bisa ngedohi jagading wong mati kang ana ing ngisor.

25. Omahe wong gumunggung bakal dijugrugake dening Pangeran Yehuwah,nanging watese palemahane randha iku ditetepake.

26. Rancangane wong ala iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah,nanging tetembungan kang manis iku kaanggep suci.

27. Sapa kang murka marang kauntungan peteng iku ngisruhake brayate dhewe,nanging kang sengit marang besel iku bakal urip.

28. Atine wong bener nimbang-nimbang wangsulane,nanging cangkeme wong duraka mbludag piala.

29. Pangeran Yehuwah iku adoh saka wong duraka,nanging pandongane wong bener dipiyarsakake.

30. Sumunaring mripat mbungahake ati,sarta pawarta kang becik nyegerake balung.

31. Wong kang nilingake pameleh kang marakake urip,iku bakal manggon ana ing tengahe para wong wicaksana.

32. Sing sapa nglirwakake pamerdi iku mbuwang awake dhewe,nanging kang ngrungokake pameleh iku oleh kawasisan.

33. Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku pamerdi kang nuntun marang kawicaksanan,lan andhap-asor iku bebukaning kajen.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 15