Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 15:19-28 Kitab Sutji (JAV)

19. Dalane wong kesed iku kayadene pager eri,nanging dalane wong jujur iku rata.

20. Anak kang wicaksana ndadekake bungahe bapakne,nanging wong kang gemblung ngremehake biyunge.

21. Kabodhoan iku dadi kasenengane wong kang tanpa budi,nanging wong pinter mlaku ana ing dalan kang bener.

22. Rancangan bakal ora kelakon, manawa tanpa tetimbangan,nanging bakal kaleksanan manawa dikantheni juru pirembug akeh.

23. Wong bakal bungah marga wangsulan kang kelair,lan iba becike tembung kang patitis ing wektu kang cocog.

24. Dalaning uripe wong mawa budi iku ngener mandhuwur,supaya bisa ngedohi jagading wong mati kang ana ing ngisor.

25. Omahe wong gumunggung bakal dijugrugake dening Pangeran Yehuwah,nanging watese palemahane randha iku ditetepake.

26. Rancangane wong ala iku kanisthan tumrape Sang Yehuwah,nanging tetembungan kang manis iku kaanggep suci.

27. Sapa kang murka marang kauntungan peteng iku ngisruhake brayate dhewe,nanging kang sengit marang besel iku bakal urip.

28. Atine wong bener nimbang-nimbang wangsulane,nanging cangkeme wong duraka mbludag piala.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 15