Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 11:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Traju kang cidra iku kasengitan dening Sang Yehuwah,nanging watu timbangan kang trep ndadekake keparenge.

2. Samangsa piangkuh teka, pamoyok uga nututi,nanging kawicaksanan dumunung ana ing wong kang lembah manah.

3. Wong kang jujur iku katuntun dening katemenane,nanging wong cidra iku dirusak dening culikane.

4. Samangsa bebendu teka, kasugihan ora migunani,nanging kabeneran ngluwari saka ing pati.

5. Dalane wong mursid dirata dening kabenerane,nanging wong duraka tiba marga saka durakane.

6. Wong kang jujur kapitulungan dening kabenerane,nanging wong cidra iku kejiret dening hawa-nepsune.

7. Pangarep-arepe wong duraka gagal nalika dina patine,nanging pangajape wong ala bakal tanpa guna.

8. Wong bener kaentasake saka ing karubedan,wong duraka kang banjur nggenteni.

9. Wong duraka ngrusak pepadhane srana cangkeme,nanging wong bener kapitulungan dening kawruhe.

10. Kabegjane wong mursid, ndadekake kabungahane wong sakutha,lan samangsa wong duraka tumpes, wong padha rame surak-surak.

11. Berkahe wong jujur ndadekake mekaring kutha,nanging cangkeme wong duraka njalari gempure.

12. Sing sapa ngremehake pepadhane iku tanpa budi,nanging wong kang pinter iku meneng bae.

13. Sing sapa nenacad, iku ngeler wewadi,nanging wong setya nutupi prakara.

14. Yen tanpa pemimpin, bangsa ambruk,nanging manawa juru pirembug akeh banjur ana katentreman.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 11