Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 10:9-22 Kitab Sutji (JAV)

9. Sing sapa resik kalakuane iku tentrem lakune,nanging kang tumindak mlinthat-mlinthut, bakal konangan.

10. Sing sapa kedhep-kedhep mripate, iku nukulake kasusahan,nanging kang bodho ing pamicara, iku bakal tiba.

11. Cangkeme wong bener iku sumbering urip,nanging cangkeme wong duraka, iku ndhelikake panganiaya.

12. Sengit marakake grejegan,katresnan nasabi sakehe panerak.

13. Lambene wong wasis iku ana kawicaksanane,nanging gegere wong tanpa budi iku kacawisan penthung.

14. Wong wicaksana iku tetandho kawruh,nanging cangkeme wong bodho iku karusakan kang ngancam.

15. Raja-darbene wong sugih iku minangka kuthane kang santosa,nanging kang njalari karusakane wong miskin iku kamlaratan.

16. Pituwas panggawene wong bener iku nuntun marang urip,oleh-olehane wong duraka iku nuntun marang dosa.

17. Sapa kang nampani pamerdi iku ngener marang ing dalaning urip,nanging kang nglirwakake marang pameleh iku kesasar.

18. Sing sapa ndhelikake sengite iku cidra lambene,sarta kang ngucapake pangala-ala iku wong gemblung.

19. Kang akeh guneme iku mesthi ana panerake,nanging kang mekak lambene iku kadunungan akal-budi.

20. Ilate wong bener iku kaya salaka pilihan,nanging pikirane wong duraka iku sathithik ajine.

21. Lambene wong bener iku dadi pangone wong akeh,nanging wong bodho mati, marga kacupetan budi.

22. Berkahe Pangeran Yehuwah iku kang nyugihake,ora bakal diwuwuhi dening rekasane dhewe.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 10