Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 1:16-27 Kitab Sutji (JAV)

16. awit sikile wong iku parane marang ing piala,sarta cukat manawa arep ngwutahake getih.

17. Marga tanpa guna masang jaringana ing ngarepe sadhengah kang duwe suwiwi;

18. mangka wong iku mau padha ngadhang marang getihe dhewelan ndingkik marang nyawane dhewe.

19. Kaya mangkono pangalamane saben wong murka ing bab bebathen peteng,kang ngrebut nyawane wong kang ndarbeni.

20. Kawicaksanan nguwuh-uwuh seru ana ing lurung-lurung,sarta nyuwara ana ing ara-ara,

21. anggone nguwuh-uwuh ana ing sadhuwure balowerti,ana ing sangarepe gapuraning kutha anggone nglairake tembung-tembunge.

22. “He wong kang ora duwe pangalaman, nganti pira lawase,anggonmu isih nresnani kaananmu iku,tukang poyok anggone seneng memoyoklan wong bodho anggone sengit marang kawruh?

23. Padha madhepa marang pamelehku, lah aku arep ngesokake isining atikulan nyumurupake tembungku marang kowe.

24. Sarehne kowe mopo nalika dakundang,lan ora ana wong kang ngrewes nalika aku ngulurake tanganku,

25. malah kowe padha nyepelekake pituturkulan ora gelem nampani pepelingku,

26. mulane aku iya bakal nggeguyu bilaimu,lan nyokurake samangsa kowe ketekan pagiris,

27. samangsa kowe ketekan ing pagiris kang kaya prahara,lan katempuh ing bilai kang kaya lesus,sarta kataman ing karupekan lan kasusahan.

maca bab lengkap Wulang Bebasan 1