Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 1:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Wulang bebasan anggitane Prabu Suleman putrane Prabu Dawud, ratu ing Israel,

2. kanggo nyumurupi kawicaksanan lan pamerdi,supaya mangreti marang tembung-tembung kang ana maknane,

3. kanggo nampani pamerdi kang marakake pinter,sarta kabeneran, kaadilan lan kejujuran,

4. kanggo aweh kalantipun marang wong kang ora duwe pangalaman,sarta kawruh lan kawicaksanan marang wong anom; --

5. wong kang wicaksana, becik ngrungokna, supaya wuwuh ngelmune,lan wong kang duwe pangreten supaya oleh bab-bab kang kena kanggo tetimbangan --

6. kanggo nyumurupi isine wulang bebasan lan pralambang,apadene tetembungan lan sanepane para wicaksana.

7. Wedi-asih marang Yehuwah iku wiwitaning kawruh,nanging wong bodho padha ngremehake kawicaksanan lan pamerdi.

8. He anakku, ngrungokna marang pamerdine bapakmu,lan aja ninggal piwulange ibumu;

9. marga oncen-oncen kembang kang endah iku kanggo sirahmu,sarta kalung kanggo gulumu.

10. He anakku, manawa kowe dibujuk dening wong dosa,kowe aja nurut;

11. manawa iku padha duwe pangucap:“Marang melua aku, padha ndingkik getih,nginjen marang wong tanpa kaluputan, tanpa sabab;

12. payo iku padha diuntal urip-uripan, kaya jagade wong mati,diuntal babar pisan kaya kang mudhun marang ing kubur;

maca bab lengkap Wulang Bebasan 1