Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 9:4-14 Kitab Sutji (JAV)

4. Nabi Musa tumuli ndhawuhi wong Israel supaya padha ngriyayakake Paskah;

5. banjur iya padha ngriyadinake Paskah ing sasi kapisan, tanggal kaping patbelas ing wayah sore ana ing pasamunan Sinai; wong Israel iya banjur padha tumindak ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

6. Nalika samana ana wong sawatara kang najis marga saka wong mati, temahan padha ora bisa melu ngriyayakake Paskah ing dina iku, mulane padha seba ing ngarsane Nabi Musa lan Imam Harun bareng sadina iku uga,

7. lan matur: “Kula sami najis margi saking jisim, kadospundi dene kula ngantos dipun pambengi boten kalilan nyaosaken kurban konjuk dhateng Sang Yehuwah wonten ing satengahipun tiyang Israel ing wekdal ingkang sampun katemtokaken?”

8. Nabi Musa banjur ngandika marang wong-wong mau: “Padha ngentenana dhisik, dakngrungokake apa kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah tumrap kowe.”

9. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

10. “Sira ndhawuhana marang wong Israel mangkene: Manawa ana wong panunggalanira utawa turunira kang najis marga saka jisim, utawa sajrone lelungan adoh, iku iya kudu ngriyayakake Paskah konjuk marang Sang Yehuwah.

11. Anggone netepi iku ing sasi kapindho tanggal patbelas, ing wayah sore; anggone mangan Paskah iku kanthia roti tanpa ragi lan jangan pait.

12. Aja ana kang dingengehake tumeka ing esuke, lan balunge aja diputung siji-sijia. Anggone netepi iku mituruta sakehing pranatan Paskah.

13. Manawa ana wong kang ora najis, lan pinuju ora lelungan, mangka ngedhagake Paskah, iku katumpesa saka ing antarane bangsane, marga ora ngunjukake sesaosan marang Sang Yehuwah ing wektu kang wus katemtokake, wong iku nanggunga pikolehing dosane.

14. Karodene manawa ana bangsa liya kang manggon ing satengahira, arep melu ngriyayakake Paskah konjuk marang Pangeran Yehuwah, anggone netepi iku mituruta katetepan lan pranatan Paskah. Ana katetepan siji kang kanggo marang sira, iya marang wong bangsa liya lan wong bumi.”

maca bab lengkap Wilangan 9