Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 7:71-85 Kitab Sutji (JAV)

71. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Ahiezer bin Amisyadai.

72. Ing dina kang kaping sawelas: pemimpine bani Asyer, yaiku Pagiel bin Okhran.

73. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

74. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa,

75. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, padha kanggo kurban obaran,

76. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa,

77. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Pagiel bin Okhran.

78. Ing dina kang kaping rolas: pemimpine bani Naftali, yaiku: Ahira bin Enan.

79. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

80. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

81. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji lan wedhus gibas umur setaun siji, padha kanggo kurban obaran,

82. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa,

83. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lanang lima, lan wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Ahira bin Enan.

84. Iki pratelane pisungsung kang saka para pemimpin Israel kanggo mulyakake misbyah nalika dijebadi, yaiku: pinggan salaka rolas, bokor salaka rolas, piring mas rolas.

85. Pinggan salaka iku bobote nyatus telung puluh sekel, bokor panyiraman mitung puluh sekel; salakane sakehe piranti iku bobote rong ewu patang atus sekel, ditimbang manut sekel suci.

maca bab lengkap Wilangan 7