Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 7:31-40 Kitab Sutji (JAV)

31. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang miturut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

32. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

33. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, kanggo kurban obaran;

34. wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa;

35. lan kang kanggo kurban slametan sapi loro, wedhus gibas lanang lima, wedhus berok lima, sarta wedhus gibas umur setaun lima. Iku mau kurban pisungsunge Elizur bin Syedeur.

36. Ing dina kang kaping lima: pemimpine bani Simeon, yaiku Selamuel bin Zurisyadai.

37. Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;

38. piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;

39. sapi lanang nom siji, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas umur setaun siji, padha kanggo kurban obaran;

40. wehdus berok siji kanggo kurban pangruwating dosa;

maca bab lengkap Wilangan 7