Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 7:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita bareng Nabi Musa wus rampung anggone ngadegake Tarub Suci, sarta wus dijebadi lan disucekake dalah saprabote, apadene misbyah sapirantine iya wus dijebadi lan disucekake, lan sawuse iku kabeh padha dijebadi lan disucekake,

2. para pemimpine Israel, para panggedhene sukune banjur padha nyaosake pisungsung. Wong-wong iku kang dadi pangarepe taler kang mimpin nalika dianakake cacah-jiwa.

3. Iku padha ngladekake pisungsung marang ngarsane Sang Yehuwah arupa kreta nem kang mawa tendha lan sapi rolas. Saben pemimpin loro kreta siji, lan sapi niji, tumuli padha diladekake menyang ngarepe Tarub Suci.

4. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

5. “Kabeh iku sira tampanana, kagawea ngladeni ayahan ing Tarub Pasewakan; kabeh iku katampakna marang wong Lewi, miturut kapreluaning bubuhane dhewe-dhewe.”

6. Nabi Musa banjur nampeni kreta-kreta lan sapi-sapi mau, sarta tumuli diparingake marang para wong Lewi;

7. kreta loro lan sapi papat diparingake marang bani Gerson, miturut kapreluaning pagaweane,

8. kreta kang papat lan sapine wolu diparingake marang bani Merari, miturut karo kapreluaning pagaweane kang dipimpin dening Itamar, putrane Imam Harun.

9. Nanging para bani Kehat ora diparingi, sabab iku padha kabubuhan rumeksa barang-barang kang suci, kang pangusunge kudu dipikul.

maca bab lengkap Wilangan 7