Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 6:9-21 Kitab Sutji (JAV)

9. Nanging saupama ana wong kang mati dadakan ana ing sandhinge, kang njalari wong iku najisake rambuting kanazirane, ing dinane panucene banjur cukura, yaiku ing pitung dinane anggone nyukur.

10. Dene ing wolung dinane nggawaa manuk deruk loro utawa piyik dara loro diladekna marang imam, menyang ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

11. Manuk mau kang siji disaosake dening imam kanggo kurban pangruwating dosa, dene sijine kanggo kurban obaran, sarta imam iku nganakna pirukun kanggo wong mau marga saka dosane cedhak jisim. Ing dina iku uga sirahe kasucekna,

12. lan awake disengkera maneh sumaos marang Pangeran Yehuwah, klawan nggawa cempe lanang siji kang umur setaun kanggo kurban dhendha. Dene dina-dina kang wus kepungkur dianggepa batal, marga rambuting kanazirane wus dadi najis.

13. Anadene iki angger-anggere tumrap wong nazir: Samangsa wus ganep dinane anggone punagi dadi nazir, wong mau banjur kagawaa menyang ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan,

14. tumuli nyaosna pisungsung konjuk marang Pangeran Yehuwah, arupa wedhus gembel lanang siji kang umur setaun lan kang tanpa cacad, kanggo kurban obaran, lan wedhus gembel wadon siji kang umur setaun lan tanpa cacad, kanggo kurban pangruwating dosa, sarta wedhus gembel lanang siji kang tanpa cacad, kanggo kurban slametan,

15. karomaneh roti tanpa ragi sacething, yaiku roti bunder kang glepunge pilihan, pangolahe nganggo lenga, lan roti tipis tanpa ragi kang dioseri lenga, kanthi kurban dhaharan lan kurban-kurban unjukan.

16. Iku mau kabeh banjur kasaosna dening imam marang ing ngarsaning Yehuwah sarta imam iku nuli nyawisna kurban pangruwating dosa lan kurban obaran mau;

17. wedhuse gembel lanang mau iya dicawisna minangka kurban slametan konjuk marang Pangeran Yehuwah kanthi roti tanpa ragi sacething mau; karodene kurbane dhaharan lan kurbane unjukan iya dicawisna dening imam.

18. Wong nazir mau tumuli nyukura rambuting kanazirane ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan; rambute kanaziran iku banjur dikukupa lan kacemplungna ing geni kang ana ing ngisore kurban slametan.

19. Sawuse mangkono imam njupuka sampile wedhus lanang kang ngarep, kang wus kaolah, karo roti bunder siji tanpa ragi saka ing cething lan roti tipis tanpa ragi, padha katumpangna ing epek-epeke wong nazir kang wus nyukur rambuting kanazirane;

20. iku kabeh tumuli digoyangna dening imam dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Yehuwah; iku kabeh dadi panduman suci kanggo imam kanthi andhemane pisungsung goyangan lan sampile pisungsung-mligi. Sawuse mangkono, wong nazir mau lagi kena ngombe anggur.”

21. Iku mau angger-angger tumrap wong nazir kang duwe punagi bakal ngunjukake pisungsunge marang Sang Yehuwah adhedhasar kanazirane, iku durung kapetung pisungsung kang wong mau bisa nyaosake, kajaba iku mau. Kaya kang dadi punagine kang wus dilairake, iya mangkonoa anggone nglakoni adhedhasar angger-anggering kanazirane.

maca bab lengkap Wilangan 6