Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 6:6-13 Kitab Sutji (JAV)

6. Salawase anggone nyengker awake sumaos marang Sang Yehuwah, aja nganti nyedhaki jisim;

7. sanadyan kepaten bapakne utawa biyunge, sadulure lanang utawa wadon, iya aja nganti najisake awake marga saka iku, awit kang dadi tandhaning kanaziran kagem Gusti Allahe iku ana ing sirahe.

8. Salawase anggone dadi nazir, awake dadia sesengkerane Pangeran Yehuwah.

9. Nanging saupama ana wong kang mati dadakan ana ing sandhinge, kang njalari wong iku najisake rambuting kanazirane, ing dinane panucene banjur cukura, yaiku ing pitung dinane anggone nyukur.

10. Dene ing wolung dinane nggawaa manuk deruk loro utawa piyik dara loro diladekna marang imam, menyang ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

11. Manuk mau kang siji disaosake dening imam kanggo kurban pangruwating dosa, dene sijine kanggo kurban obaran, sarta imam iku nganakna pirukun kanggo wong mau marga saka dosane cedhak jisim. Ing dina iku uga sirahe kasucekna,

12. lan awake disengkera maneh sumaos marang Pangeran Yehuwah, klawan nggawa cempe lanang siji kang umur setaun kanggo kurban dhendha. Dene dina-dina kang wus kepungkur dianggepa batal, marga rambuting kanazirane wus dadi najis.

13. Anadene iki angger-anggere tumrap wong nazir: Samangsa wus ganep dinane anggone punagi dadi nazir, wong mau banjur kagawaa menyang ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan,

maca bab lengkap Wilangan 6