Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 34:7-15 Kitab Sutji (JAV)

7. Dene tapel-watesira kang sisih lor iku: wiwit saka ing sagara gedhe mau watese kaenerna tekan ing gunung Hor,

8. saka ing gunung Hor kaenerna tekan ing Hamat, lan terus nganti tekan ing Zedad.

9. Tapel-wates mau banjur terus tekan ing Zifron, nganti notog ing Hazar-Enan; iku tapel-watesira kang sisih lor.

10. Anadene tapel-watese kang sisih wetan iku kaenerna saka Hazar-Enan mau tekan ing Sefam.

11. Saka ing Sefam iku nuli mudhun menyang Ribla ing sawetane Ain; watese banjur terus mudhun maneh nganti tekan ing pinggiring Tlaga Kineret ing sisih wetan.

12. Watese iku nuli mudhun maneh nganti tekan ing bengawan Yarden lan terus nganti tekan ing Tlaga Pauyahan. Yaiku nagaranira miturut tapel-watese mubeng.”

13. Nabi Musa banjur dhawuh marang wong Israel: “Iku mau tanah kang bakal dadi duwekira srana kaundhi, kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah supaya kaparingna marang taler kang sanga satengah iku.

14. Marga golongane talere Ruben lan golonganing talere bani Gad wus padha tampa tanah pusaka, mangkono uga saparoning talere Manasye iya wus padha tampa panduman.

15. Loro satengah taler iku wus padha tampa tanah pusaka ana ing sabrangane bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho sapangetan.”

maca bab lengkap Wilangan 34