Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 32:31-42 Kitab Sutji (JAV)

31. Bani Gad lan bani Ruben banjur padha mangsuli, ature: “Punapa ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah dhateng ingkang abdi sadaya, punika badhe sami kula estokaken.

32. Kula badhe sami nyabrang kanthi sikep dedamel wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah dhateng tanah Kanaan, dene panduman kula siti lestantuna wonten ing sabranging benawi Yarden punika.”

33. Bani Gad lan bani Ruben sarta separone taler Manasye putrane Sang Yusuf, padha diparingi dening Nabi Musa: karajane Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan karajane Sang Prabu Og, ratu ing Basan, yaiku nagarane dalah kutha-kuthane nagara kono kabeh lan wewengkone kutha iku kabeh.

34. Bani Gad banjur padha mbangun kutha Dibon, Atarot lan Aroer;

35. Atarot-Sofan, Yaeser lan Yogbeha;

36. Bet-Nimra, Bet-Haran, padha kadadekake kutha santosa lan kanggo papaning kandhang-kandhang wedhus.

37. Dene bani Ruben padha mbangun kutha Hesybon, Eleale lan Kiryataim,

38. Nebo, Baal Meon, Masabot-Sem lan Sibma, sarta kutha-kutha kang kabangun iku padha disalini jenenge.

39. Bani Makhir bin Manasye iku padha nglurug menyang ing Gilead, kang banjur karebut, lan wong Amori kang manggon ing kono padha katundhung.

40. Makhir bin Manasye mau banjur diparingi tanah Gilead dening Nabi Musa sarta iya banjur dienggoni.

41. Anadene Yair bin Manasye iku tumuli nglurug lan ngrebut desa-desane, banjur dijenengake Hawot-Yair.

42. Dene Nobah nglurug lan ngrebut negara Kehat lan sawewengkone kabeh, sarta dijenengake Nobah, miturut saka jenenge dhewe.

maca bab lengkap Wilangan 32